Email : suhu@ymail.com ; suhu@rocketmail.com

Foto saya
Surabaya, East Java, Indonesia
Designer Database dan pecinta tehnologi yang Qur'ani

Rabu, April 16, 2008

Jawa Timuran I

1.Bunuh diri
Sore-sore Muntiyadi jagongan ngelamun nang warung, pandangane kosong ambek tangane ngudek es teh. Moro-moro Paidi, koncone, teko ngageti terus langsung nyaut ngombene Muntiyadi diglogok sampek enthek, karepe ngono ngejak guyon. Muntiyadi nuangis gerung-gerung, koncone malih gupuh kabeh.
"Wok!! Koen iku jarene tentara tapi kok cik gembenge, ngombemu tak saut ae wis nangis," jare Paidi.
"Sak dino iku apes thok uripku." jare Muntiyadi.
"Lho opoko, mbok menowo aku isok nulungi," jare Paidi sakno.
"Isuk mau, aku dipecat mergo ngilangno bedile komandan," jare Muntiyadi.
"Walah ngono ae lho, laopo se dipikir. Awakmu lak demphal tah, dadi bodyguard utowo preman pasar sik payu," jare Paidi.
"Iku sik gak sepiro. Mari dipecat, aku mulih gasik. Pas sampek omah, dadak aku mergoki bojoku lagi indehoi ambek koncoku," jare Muntiyadi.
"Wis gak usah dipikir. Bojomu lak pancen ngono kelakuane, pegaten ae, wong wedok sik uakeh sing tahes-komes," jare Paidi.
"Iku sik gak sepiro. Aku wis putus asa, katene bunuh iri. Aku tuku potas terus tak campur es teh, bareng arep tak ombe dadak koen saut pisan,"
2. Jalan Dulgapur.
Dul Gapur, arek Meduro iku, lagi seminggu dolan ning omahe dulure ndik cede'e terminal mBungur Asih. Sumpek nang omah wae, Dul Gapur mubeng-mubeng kutho numpak bis Damri jurusan Tanjung Perak. Dasar arek Meduro gak pengalaman, Dul Gapur numpak wae tanpo takon ngalor ngidul. Tutu' jalan Kartini, kondekture mbengok,
"Kartiniiiiii, kartiniiiiii..!!!!!" .
Penumpang lanang wedok podo mudhun kabeh.
"Abboh kanna'. Onno' wong lannang jenengge kok Kartini," mengkono bathine Dul Gapur. Nyampe' jalan Darmo, kondekture mbengok maneh,
"Darmoo, Darmooooo".
Penumpang lanang wedok yo podo mudhun kabeh.
"Patte' celleng. Onno' wong weddo' jenenge kok Darmo". batine Dul Gapur ngroso gumun. Sampek nyede'i Tanjung Perak, Dul Gapur pancet ndak mudhun-mudhun.
Akhire kondekture nyede'i,
"Mudun endi, Mas?
Dul Gapur gak iso njawab, polahe durung apal jenenge dalan ndik Suroboyo.
Akhire kondekture takon,
"Laopo, Mas, kok ora mudun?
"Lha aku durung dicelluk".
"Sopo Mas, jenengmu?
"Dul Gapur"
Kondekture nyede'i lawang terus mbengok, "Dulgapuur, Dul Gapuuuuur! "
Mak jranthal, Dul Gapur cepet-cepetan ninggalno kursi-ne.
3. Ngombe uyuh.
Mat Pithi mlaku-mlaku nang Pasar Wonokromo. Mari kesel muter-muter, Mat Pithi ngaso nang warunge Cak Parlan, ambik mangan lontong semanggi. Ndilalah gak suwe ono rombongan turis kesasar mrono. Salah sijine turis ono sing kemlinthi lan ngomong iso mbedhe' umure anggur kang disimpen. Cak parlan maju karo nggowo telung botol anggur. Cobo botol nomer siji diulungno. Sak wise ngicipi, turis mau ngomong,
"ini anggur umur 25 tahun".
"Wah, bener", jare Cak parlan.
Botol nomer loro diulungno. Mari ndilat lan nyruput anggur turis mau ngomong,
"Ini umurnya 65tahun".
"Jiaangkrik, gak salah".
Cak Parlan tambah gedeg-gedheg gumun. Ahire Mat Pithi yo kepingin njajal. Dewe'ne maju ngulungno gelas. Mbarek turis mau, gelase Mat pithi langsung disruput sampek enthek.
"Bwuuuuah" turis mau gaber-gaber, "ini air kencing".
"Pancen iyo", Mat Pithi ngaku,
"tapi bade'o, piro umurku?
4. Cagak gendero
Sapari dadi hansip anyaran nang kampunge. Mergo sik anyaran, saben Sabtu sore Sapari wajib melu latihan. Salah suwijine dino, Komandane perintah,
"Sapari..."
"Siap, Pak"."Coba ukur berapa tinggi tiang bendera itu".
"Siap. Laksanakan, Pak."
Mari ngono, Sapari nggolek tali plastik lan menek cagak gendero sampek krenggosan ning tengah lapangan. Tapi saben munggah entuk rong meter, Sapari klorot maneh. Ngono terus bolak-balik. Ahire komandane nyeda'i Sapari.
"Sapari."
"Siap, Pak".
"Anda benar-benar hansip goblok. Cara ngukur tiang bendera itu dirobohkan dulu. Baru kemudian diukur".
"Sampeyan iki goblok ngono kok yo dadi Komandan," jawabe Sapari gak kalah banter.
"Nek dirubuhno iku ngukur piro dawane, lha nek pancet ngadek iku ngukur piro dhuwure. Lha sampeyan perintah ngukur dhuwure, dadi carane yo kudu dipenek, dudu' dirubuhno. Goblok..!

Tidak ada komentar: